Downloadfilm tenggelamnya kapal Van der wijck 2013 full movie indonesia gratis Sipnosis tenggelamnya 201316+ 2j 43mFilm Romantis adaptasi Buku novel ini ditulis oleh Hamka Selain bahasa Minangkabau, film ini juga menggunakan bahasa Makassar, Jawa serta bahasa Mancanegara, yaitu Belanda Tenggelamnya Kapal Van Der Wijck karya Hamka pada PAI Search Film Korea Pinocchio Bahasa Indonesia. Nonton Film Semi Korea, layarkaca21, LK21, oload Drama Korea Four Men (2018) Subtitle Bahasa Indonesia / Engsub February 28, 2018 Nonton Streaming Film dan Drama Korea Gratis Sub Indo Nonton drama serial oh my venus subtitle indonesia In-Ha meets her mother for the first time in years at a job interview for MSC Broadcasting Station Tentu saja Contohsinopsis novel bahasa sunda kumpulan contoh makalah doc lengkap. 8 unsur intrinsik novel dan contoh lengkap ilmusiana frase nominal dan frase verbal pada novel pinatri ing teleng ati. Perjuangan dalam percintaan karena mereka sangat memperjungkan cinta antara Sutrisna dan Mursiati walaupun. Contoh Sinopsis Novel Dalam Bahasa Jawa Merekaberpetualang untuk mendaki gunung tertinggi di Pulau Jawa, yaitu gunung Mahameru. Biarkan keyakinan kamu, 5 cm menggantung mengambang didepan kamu. Sinopsis Novel Dilan 1990. Bahasa yang digunakan pada novel Dilan relatif ringan sehingga mudah dipahami dan dapat memberikan pengaruh besar bagi pembaca. Pembaca dibuat bertanya supernovaakar dewi lestari, sinopsis novel supernova 2 akar dewi lestari, analisis gaya bahasa dalam novel supernova 2 akar karya, buku supernova 2 akar dewi lestari mizanstore, partikel by dee lestari share book recommendations with, daerah pasuruan jawa timur bodhi terbebani oleh kemampuan indra keenamnya yang GarudaPutih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak kadurjanan. Kadurjanan keri dewe kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya, dadi maling ana ing toko rajabranane Pak SinopsisNovel Bahasa Jawa SERAT RIYANTA Dan Unsur Intrinsik Novel SERAT RIYANTA. Mudah-mudahan isi postingan Artikel Pendidikan yang kami tulis ini dapat anda pahami. Strategi Pembelajaran KD Berdialog dengan yang lebih tua. Nggawe Basa Jawa dadi Pelajaran Favorit ning Sekolah. Detail Sinopsis Novel Bahasa Jawa Singkat PDF dapat kamu nikmati Sinopsisnovel bahasa jawa. Esuk-esuk Prawita wis nggugah bojone arep ngomong deweke arep menyang ibune ing Ngawi. Kumpulan contoh cerkak bahasa jawa terlengkap dan update mas uzi february 19 2018. Pangeran itu mempunyai putra bernama raden mas Riyanta. jawasinau jawa. tari piring mengenal asal usul sejarah dan gerakannya. sinopsis tari tani pdfsdocuments2 com. sinopsis tari sinopsis tari kreasi silauw cuy blogspot com. tari gambyong indonesian art s dwirinawati75 blogspot com. macamâ€"macam tari tradisional jawa barat bae u bachtiar. gambaran petani melati digerak tari oleh sarwo edy. Contohsinopsis novel bahasa jawa - Hallo sahabat Kumpulan Artikel dan Makalah Pada Artikel yang anda baca kali ini dengan judul Contoh sinopsis novel bahasa jawa kami telah mempersiapkan artikel ini dengan baik untuk anda baca dan ambil informasi didalamnya. Tuladha Tanggap Wacana Pembuka Dinten Idul Fitri. tEJB1. RESENSI NOVEL “SANG PANGERAN PATI” Identitas Novel Penulis Fitri Gunawan Penerbit Q Publisher Tahun Terbit 2013 Tebal 203 halaman ISBN 978-802-14227-0-0 Dimensi 18 x 13 cm Jenis Kertas Kertas Buram Sinopsis Novel kanthi judul “SANG PANGERAN PATI” dening Fitri Gunawan kuwi nyeritakaken lika-likune dunia jurnalistik kang kabuntel roman dhimen krasa kuwih nges kang duwe peran utama yaiku Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane. Suryo duweni program kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya dumadakan dadi milyader amarga nampa cek saka Kanwil Mardi Putro deweke di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik jurnalistik. Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Rampung saka masalah internal Suryo di adepi karo masalah eksternal,Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki Koordinator Liputan lan Sri Wahyuni Redaktur Opini. Nanging pemimpin redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak. Naging saka gambaran kendel kuwi Prihastuti uga duwene rasa welas asih amarga deweke ngrangkep dadi wakil ketua perusahaan,wong kang ayu,pinter,welas asih iku gamabran saka Prihastuti Kusumo. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih. Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki. Saka masalah masalah kang di gawe karo Suryono,Suryono kaya duweni musuh piranga pirang, Suryo di culik karo utusane salah sijine calon gubernur amarga pawarta kang di wolak walik kabenerane marang Suryo,deweke di utus marang kangmase Guritno sing uga nyalon dadi gubernur. Masalah iki klebu masalh klimaks saka novel SPT iki. Suryo di sekap ana ing hotel karo wong papat utusane pesainge kangmase,kang dadi penyelamet ana ing kedadean iki yaiku Surti,Surti di kabari adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih rong dina awit budal kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo nganggo tgeknologi canggih yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke ana ing plat nomer mobil X-type kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu ana ing hotel,kmondisine Suryo mrinani banget,mripate di tutupi,tangane di banda ngansi pingget. Deweke kaget weruh Suryo ana ing kondisi kaya iku,Suryo banjur age age di gawa metu,petugas hotel arep lapuran polisi nanging di penging marang Suryo amarga yen lapur polosi Suryo bakal luwih cilaka. Surti banjur nakoni Suryo kaya wartawan lagi nakoni narapidana Korupsi ora ana late,orana ana bare nanging Suryo mung nanggepi kanthi santai amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone. Ucul saka masalah kang wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok amarga deweke bajur bisa nggarbini Surti,banjur deweke malah melu Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang entuk beasiswa kango neruske dadi doktor,wis ngono kaluwargane Prihastuti isih nyangoni kanggo uripe Suryo lan Suti ana ing Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo uga entuk duwit saka Aryo Guritna kangmase amarga berhasil dadi Gubernur saka pangorbanane Suryo. Banjur suryo karo Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika. Unsur Intrinsik Novel Tema Kejujuran lan Kesetiaan Latar Belakang Novel “Sang Pangeran Pati” iku nggambarake kahanan nyata ana ing dunia jurnalistik kang gamblang lan tanpa tadeng aling-aling penulis nyuguhake maslah-masalah kanggo bahasa sing bis agampang langsung di ngerteni marang pembaca. Novel iki adhidasar saka masalah umum sosial lan masalah katresnanan kang di padu dadi siji. Wong urip iku ora mung ngandelake kakuasaan lan jabatan nanging uga kudu mikirake rasane wong liya terutama bawahan. Wong urip kuwi kudu duweni sifat welas asih marang wong liya lan kudu andap asor anggone njaluk pitulung marang wong liya. Ana ing novel iki cetha nyritakake penguasa utawa pemimpin kang ora bisa andhap asor lan welas asih sing kegambar ana ing tokoh Suryo. Konflik sing di gawe ana ing novel iki kaya-kaya ana ing dunia nyata jurnalistik. Konflike di dadekake bahan kanggo ngembangake isi novel,nanging masalah katresnan antar tokoh ora di gambarake cetha marang penulis. Iku kabeh sing gawe novel “Sang Pangeran Pati” katon nyata konflik masalah utamane lan bisa di waca kanggo kabeh kalangan amarga ora akeh masalah tresnane. Waktu Pagi “sugeng enjang Mas Suryo” Siang “… Lha wong jam loro Sur,aku wis mangan awan” Sore “selamat sore Pak Suryo” Malam wiwit jam rolas,jam loro kudu wis rampung. Jam telu esuk kudu wis di pasarna Suasana Duka, Sedih, Seneng, Haru Alur Maju Gaya Bahasa Bahasa Jawa Modern Amanat Amanat kang kasirat ana ing novel SPT gyaiku golek rejeki lan nyambut gawe kudu duweni sikap jujur lan setia. Jujur marang awake dewe lan jujur marang atasan sarta perusahaane,setia marang atasan lan keputusan atasan lan setia karo sisihan atine senajan ngenteni suwi. Aja ana rasa dendam marang sapa wae,amarga dendam bisa gawe wong tumindak culika. Kudu duwe sikap andap asor,welas asih marang wong liya ora kena sewena wena amrang bawahan lan kudu tegas karo keputusan akhir. Penokohan Suryo Baskoro pidegsa,pinter,sregep,andap asor,pendendam,ora gelem kalah,temen. Sri Wahyuni setia,sregep,tlaten,temen. Basuki sregep,nrimanan,andap asor,sopan. Rudi Hamonangan pinter,sendika dawuh,setia,sregep,tlaten. Aryo Guritno licik,drengki. Mardanu licik, drengki, pinter. Wibisono eman,andap asor,setia. Surtikanthi setia,andap asor,welas asih,pinter. Suryawati Suminar manut,amanat,setia. Broto Kusumo tegas,bijaksana,pidegsa,welas asih,gampang percaya karo wong liya. Wisnu Kusumo manut,pinter,pidegsa,bijaksana,andap asor,welas asih. Sudut Pandang orang ketiga serba tahu Prihastuti Kusumo welas asih,androgini,andap asor,pinter,sumeh,ngalahan. Kelebihan Novel Novel sambung iki nyeritakaken bab kang asring kedaden ana ing dunia jurnalistik nganggo bahasa kang gamapang di mangerteni yaiku bahasa jawa modern. Unsur roman kang di tulis dening penulis mung dadi bumbu penyedap ana ing novel iki dadekake novel iki bisa di tampa dening kabeh kalangan. Novel iki uga blaka suta anggone nyeritakake konflik utamane. Penulis pinter anggone bungkus masalah kang wigati naging ora gawe pembaca kaget. Lan gawe penasaran endinge kaya apa. Kelemahan Novel Novel iki uga duwe kelemahan,kelemahane ana dialeg daerah sing di enggo. Dealeg sing di enggo yaiku dialeg jawatimuran amarga kuwi kanggo pembaca sing saka daerah “ngapak” anggel anggone mangerteni makna kang sebenere. Lan gaya penbulisane gawe bosen pembaca amarga terlalu rengket-rengket lan cilik rasane anggone maca ora rampung-rampung. Saran atau Manfaat Novel Saran Saran kanggo novel SPT iki luwih becik di tulis nganggo bentuk prosa dadi ora gawe bosen lan ukuran font luwih di pertimbangaken. Nganggo bahasa jawa kang umum supayane bisa di cerna karo beda dialeg. Sabtu 03-09-2022 / 0915 WIB sinopsis novel berbahasa jawa dan unsur instrinsiknya-DariuszSankowski/pixabay- - Referensi belajar sinopsis, simak contoh sinopsis novel bahasa jawa singkat beserta unsur instrinsik. Artikel ini akan memberikan Anda salah satu referensi penulisan sinopsis novel dalam bahasa Jawa lengkap beserta dengan unsur instrinsiknya. Bagi siswa yang masih kebinggungan dengan untuk membuat sinopsis novel dalam bahasa Jawa untuk memenuhi tugas sekolah maka siswa perlu memahami mengenai berbagai unsur instrinsik dalam sebuah novel. Kurang lebih sama dengan novel berbahasa Indonesia, novel berbahasa Indonesia juga memiliki unsur instrinsik dan ekstrinsik dalam ceritanya. Novel yang merupakan karangan prosa panjang yang mengandung rangkaian cerita yang dimulai dengan peristiwa penting yang dialami tokoh cerita utama, konflik hingga penyelesaikan konflik. Artikel ini dapat memberikan referensi novel singkat sebagai pembelajaran siswa dan pedampingan orang tua atas cerita berbahasa jawa. Berikut contoh novel berbahasa Jawa dan unsur instrinsiknya. Baca juga Dialog Asking & Giving Direction 5 Contoh Percakapan Meminta dan Memberi Petunjuk Jalan Mudah dan Singkat, Lengkap Berbahasa Indonesia Baca juga Lengkap! Contoh Dialog Bahasa Inggris Offering Help Informal dan Singkat, Percakapan 2 Orang Menawarkan Bantuan Beserta Arti indonesia Baca juga 15 Dialog Asking and Giving Opinion Mudah dan Singkat Berbahasa Inggris Lengkap dengan Terjemahan NOVEL Judul Kirti Njunjung Drajat Penulis Raden Tumenggung Jasawidagda Penerbit PT Kiblat Buku Utama Tahun terbit, terkait Cithakan kaping siji, Bale Pustaka, 1924 Cithakan kaping loro, Kiblat Buku Utama, 2012 Tebal 108 kaca ISBN 978-979-8002-07-06 Dimensi 14,5 cm x 20,5 cm Jenis kertas HVS Kirti njunjung drajat menika novel ingkang nyaritakake kedadeyan wigati kang faktual tumrap masyarakat jawa ing jamane. Utamane yaiku Darba bisa dadi gegambarane “uwong” jawa kang mengkone dibutuhake dening jaman kang arep tumeka, yaiku jaman merdhika lan luwih maju. Darba yaiku jejaka watawis umur 18 taun taksih magang dados abdidalem. Kahanane Darba lan Bapake namanipun Ki Mas Nayapada ana ing sepur jurusan Semarang – Yogyakarta kepanggih kaliyan Mas Bei Mangunripta lajeng aruh-aruh piyambakipun wicanten kaliyan Ki Mas Nayapada “dhateng pundi mas?” Ki mas naya padha mangsuli menawi piyambakipun badhe dhateng panggenanipun Demang Karyabau. Boten dipunsengaja Mas Bei inggi badhe dhateng mrika. Wonten ing sepur Darba kaget amargi pirsa Mas Bei Mangunripta menika priyai nanging tindak tandhukipun boten sami kalian priyai. Mas Bei menika sombong kabukti nalika wonten tiyang ingkang butuh lenggahan ing gerbong piyambakipun namun kendel lan nalika ngajak wicanten kaliyan Darba swantenipun ketingal sombong. Darba dugi wonten griyanipun Mas Demang Karyabau wonteng mrika wonten pajagongan nalika wanci ngajengaken jam pitu, ing pandhapi sampun kathah tamu, sadaya sami rasukan cemeng, wonten ingkang dhestaran, wonten ingkang makuthan. Anggenipun damel mantu Mas Demang Karyabau ageng-agengan sayektos, amargi kejawi saweg sapisan,calon mantunipun punika Raden Mas Uger-uger, putra kapenakanipun Bupati Patuh. Punapadene ingkang Bupati ugi badhe ngrawuhi. Darba dipunkengken ngetokake wedang kaliyan dipun peseni menawi pundi kemawon ingkang dipuncawisi jenising cangkir inggih menika benten-benten. Mas Demang Karyabau dheleg-dheleg gela manahipun awit tampi pawartos bilik ingkang Bupati boten saget rawuh, jalaran gerah. Sapunika ingkang kaajeng-ajeng dados panungguling tamu kantun ingkang Panewu Dhistrik. Saweg dheleg-dheleg mekaten kaget, mas demang dipun jawil dening Mantri Onder Dhistrik. Mantri Onder dipunsumanggaaken pinarak. Mas Bei pirsa menawi Mantri onder dipun urmati lajeng Mas Bau gadhah rasa ewa ing manah. Wewah-wewah lajeng sumrep Ondheripun dipun ladosi wedang mawi cangkir tutup tatakan, ing batos wewah muring-muring. Wonten ing pajagongan Mantri Onder beksan, pirsa Mantri Onder beksan Mas Bei namung kendel kaliyan ngombe, lajeng Darba ngalungake sampur ing Mas Bei ancasipun supados Mas Bei purun beksan. Mas Bei beksan inggih setenggah sadar amargi sampun kathah ngombe. Mas Bei ngajak Mantri Onder ngombe nanging Mantri Onder nyampluk gelase lan nyiprat datheng rainipun Mas Bei, piyambakipun nepsu. Darba lulus pendidikan angka 1 ing Bathangan tahun Belanda 1899. Darba mikir jero utamane ngenani pangaji-aji kang didarbeni priyayi, kang ora didarbeni dening priyayi, upamane sudagar, tani, lan tukang. Miturut nalare Darba, ajineng uwong iku dumunung marang pagaweyan lan kepinterane kang sabanjure banjur ndunungake pakerti yen para sudagar, tani, lan tukang gelem sinau, ora serta gelem srawung jembar, uga bakal dhuwur ajine lan akeh duwite. Embokipipun Darba inggih nggengken darba nyobi nulis-nulis serat lan dipun kirim wonen serat kabar. Saben enjing pangkatipun Darba sowan dhateng kantor mesthi mampir dhateng dalemipun Den Bei Prajasusastra. Kejawi taksih sanak kaliyan biyungipun, Den Bei priyantun nemneman bregas, misuwur ahli dateng kasusastran, punapa dene sugih pangertosan. Nalika Darba sowan dhateng griyanipun Den Bei, panenenganipun nembe rerembagan kaliyan Bendara Panji Puspawicara, Darba inggih lajeng tumut nggatosaken dening ngendikanipun priyantun kekalih wau. Darba inggih saget mangsuli babagan menawi priyantun kekalih wau mboten nemu kesimpulanipu. Darba kepengin maos serat kabar Den Bei Prajasusastra lajeng Darba dipun ijini maos kaliyan Den Bei. Darba remen sanget maos serat kabar Darba lajeng nulis pirang-pirang karangan lan dikirimake ing redaksi serat kabar. Karanganipun Darba dimuat wonten ing serat kabar. Darba angsal sesebutan sang moncer ing budi Jaka Wiyadi. Wonten malih ingkang nyebut Sang Wiyana Jaka Wiyadi. Darba dipindah tugase wonten ing Klaten, wonten ing dusun menika wonten pabrik gula gadhaipun tiyang landa. Tiyangipun radi kejem kabukten dening wonten bocah alit namanipun Dalil kaliyan Jayus nyolong tebu ing kebone ugi diukum raine dipun leleti tir. Ing wanci sonten darba adus dhateng lepen, mantukipun sampun meh serap, lampahipun turut gelanganing sabin. Bonten antawis dangu Darba miring swara gumrubyang wonten ing margi, sareng dipun tingali, wonten walandi dhawah anggenipun numpak pit, badhe tangi kangelan, bokmanawa kesliyo sukunipun ingkang ndadosaken tumratabing manahipun Darba, dene sacelakipun Walandi wau wonten sinyo alit kumurep, seta sukunipun sumampir tembinging magri, meh kemawon dhawah ing lepen. Darba enggal amlajengi, sinyo wau kajunjung. Siti ingkang nggupaki rai dipun usapi. Dene Walandi wau taksih kerekelan anggenipun badhe ngadeg. Sareng sampun saged ngadek sayektos, lanjeng murugi Darba, khanti ngulungi arta sarupiyah, sarta badhe mbopong sinyo ingkang taksih dipunbopong dening Darba. Darba nampik dhateng paweweh menika, wicantenipun alus, “Tuwan, sampun dados penggalih, kula boten alap epah,aluwung menawi kepareng sinyonipun kula gendhong panjenengan nuntun pit. Mangga kula dherekaken dhateng pabrik.” Piyambakipun sami taken tinaken. Sanes dinten darba sowan dateng griyane tuwan masinis ancasipun badhe gladhen basa landa. Ora mung gladhen Darba uga purun reresik, nata-nata gambar menika ndadosaken saya rumaketipun tuwan masinis, Darba remen mirsani prabot-praboting pit , wewah-wewah mawi dipun genah-genahaken dening tuwanipun. Darba dipun takoni dening tuwan masinis “wis pirang taun anggone magang?” Darba nyauri “sampun nem tahun.” Tuwan masinis gumun wicantenipun wis nem tahun kok arep ditinggal. Darba boten remen dados priyantun. Darba dipun ajak dening tuwan masinis kerja dhateng Semarang kerja ing pabrik wesi Lin deTeves lajeng Darba ngirim serat dhateng tiyang sepuhipun enggal tiyang sepuhipun ngeterake Darba marang Stasiun Balapan. Wonten ing Semarang Darba ngasta ing Pabrik Sepeda Tropikal Semarang, Darba anggsal jabatan ingkang inggil. Darba gadhah kathah pelanggan kados ta tiyang Belanda, Cina, lan Jawa. Saking pakerjaanipun Darba saget nyimpen arta kathah. Lajeng Darba krama kaliyan putranipun mandor Lin deTeves, gadhah putra kakung cacahahipun wonten kalih. Sampun dangu Darba gesang wonten Semarang piyampakipun ngraos kangen kaliyan tiyang sepuhipun, lajeng ngajak garwa kaliyan putanipun wangsul wonten Surakarta. Surakarta 1912 Darba pindah ing Surakarta malih, wonten mrika Darba bikak bengkel sepeda. Kagiatanipun amung mekaten kaliyan ngeteraken anakipun jaler kekalih, sami sekolah walandi dhateng loji weta. Tetangganipun sami pangkling kaliyan Darba amargi piyambakpun dandan cara walandi, pawakane gagah. Tetangga padha bingung mawi menika Darba kok purun kerja mbengkel pit, kedahe dados priyantun. Darba mlebet dados anggota Boedi Oetomo. Wonten ing parepatan menehi sesorah babagan pitukangan, Darba dados sumber tanya jawab lajeng Darba dipun angkat dados pangreh ing boedi oetomo. Darba damel bungah kaluarganipun, deweke saget mbuktekake marang emboke menawi tiyang sukses menika boten namung saking dados priyayi. Darba dados tuladha ingkang sae kanggo para kadang muda. Let sewulan marasepuhipun darba tilar donya, jalaran sakit influenza, let sewetawis dinten malih Darba kacandhak nandang sakit ngrekaos, madal sakatahing jampi. Pancen Gusti Allah saweg adamel lelampahan Darba pinudhut ing Pangeran. Nalika panguburipun, kathah sanget ingkang sami nglayad para leluhur, Walandi, Cina, priyantun saha mitra sanesipun prasasat tanpa wicalan, adamel agengipun manahipun Bok Nayapada sakaang kaluwarganipun, saha dados panglipur sawetawis ing atasipun tiyang kapegatan tresna. Sanes dinten wonten utusaning pakempalan manggihi Bok Darba, taken punapa perlu ngangge pitulungan arta wragad kangge nglajengaken pasinaoning anakipun. Bok Darba nampik kanthi panuwun, amargi kejawi taksih gadhah tilaran arta, Darba rumiyin nanggelaken jiwa dhateng Bumiputera, khatahipun 5000 rupiyah, malah artanipun sampun dipuntampeni. Eman sanget dene padamelanipun Darba punika boten wonten ingkang nglajengaken, bok manawi benjing anakipun ingkang sinau wonten ing Surabaya. UNSUR INTRINSIK NOVEL Tema Keteguhan atinipun darba babagan keprabon ingkang sanes sakin kapriyayi nanging kamangka sakit kapinteran kalian usahanipun. Latar Belakang Kirti njunjung drajat menika novel ingkang nyaritakake kedadeyan wigati kang faktual tumrap masyarakat jawa ing jamane. Utamane yaiku Darba bisa dadi gegambarane “uwong” jawa kang mengkone dibutuhake dening jaman kang arep tumeka, yaiku jaman merdhika lan luwih maju. Waktu Enjing Bukti Ing saben enjing pangkatipun Darba sowan dhateng kantor mesthi mampir dhateng dalemipun Den Bei Prajasusastra. Kaca 35 Sonten Bukti ing wanci sonten Darba adus dhateng lepen, mantukipun sampun meh serap, lampahipun turut galenganing sabin. Kaca 53 Suasana - Bungah Bukti ing ngriku Darba dipun tampeni kaliyan reraning manah, malah lajengdipun sambuti serat kabar Malayu slompret malayu wedalan semarang,... kaca 42 - Emosi Bukti ing ngriku lajeng dipun tamplek. Janeweripun mawut nyiprat dhateng rainipun Mas Bei Mangunripta. Mas bei nepsu, wicantenipun kemruwuk. Kaca 28 - Sedih Bukti pancen Gusti Allah saweg adamel lelampahan Darba pinundhut ing pangeran. Kaca 106 Alur Aluripun novel Kirti Njunjung Drajat inggih menika alur maju amargi peristiwa ing novel menika dipun jlentrehaken mawi runtut saking awal ngantos pungkasan. Gaya bahasa Krama inggil “Nun, kula dherekaken Raden Ngabei prajasusastra.” kaca 14 Ngoko “wis pirang taun le olehmu magang ?” kaca 14 Amanat Hubungan manungsa kaliyan badanipun piambak “Sajatosipun kula gadhah manah boten remen dhateng kapriyantunan, namung badhe nyambut damel punapa, punika ingkang taksih peteng.” Kaca56 Hubungan manungsa manungsa kaliyan lingkunganipun. “Tepangipun Darba sae sanget, manawi dhateng griyanipun Tuwan Masinis boten kados tamu …” kaca 55 Hubungan manungsa kaliyan gusti Allah “…Mulane, Dhi, saya mantep panuwunmu marang Gusti kang Agung, bisaa lestari sapandhuwure.” Kaca 100 Penokohan Darba, protagonis Bukti “Darba enggal amlajeng,sinyo wau kajunjung, ... kula mboten ngalap epah aluwung menawi kepareng, sinyo punika kula gendhong.” Kaca 54 Ki Mas Nayapada, peduli Bukti Tujunipun Darba kerep kaajak kekesahan bapakipun, punika radi miyaraken tebaning pikiran, kasembuh Darba landhep ing budi, sabarang lelampahan dipun gagas-gagas, dipunpadosi nalar-nalaripun, wekasan dipun 29 Mbok Nayapada, gampang kuwatir Bukti “Sababe apa, ayake sumelang nek reged, utawa panulismu sembrana. Rak ya ajar resikan, ngati-ati, lan stiti.” Kaca 32 Embokipun nyambeti kaliyan pasemon pangerang-erang saha boten rila, “Apa arep dadi menjait?”kaca 32 Mas Bei Mangunripta ora gelem ngalah lan emosinan Bukti Dene bangku sanesipun meh nyekawan sadaya, namung palinggihanipun Mas Bei Mangunripta, punika dipunlinggihi ijen, amargi patrapipun linggih mujur ngebaki papan, selanipun ing pinggir dipun dekeki buntelan. Tetiyang dhusun sami ajrih ngesuk Mas Bei Mangunripta, dipun pilalah sami ngadeg, awit sumerep manawi punika priyantun. Kaca 15 “...Heh, apa ora weruh yen aku priyayi.” Kaca 16 Mas Demang Karyabau, purun ngakoni keluputan Bukti Kejawi punika Mas Demang mawi pratela manawi wonten lepatipun ing tindak, nyuwun pangapunten. Kaca25 Den Bei Prajasusastra, sae manahipun Bukti “Darba, nek pinuju nganggur ngono kuwi bok kowe maca-maca, supaya mundhak jembar kawruhmu. Layang kabar kuwi kena kokwaca.” Kaca 37 Tuan Sinder Pabrik / Tuan Masinis, sae manahipun, peduli Bukti “Tumraping bangsaku pancen ora patia mikir marang kepriyayen iku, sing perlu nyambutgawe blanjane patut lan ora kakehan rewel. Kaya upamane awakku, sing takngengeri iku pagawean, lire sing duwe pabrik, aku sing nglakoni kanthi diblanja. Tuwan Setatir sing lumrahe diarani tuwan gedhe, iku lurahe, iku kancaku. Takarani lurah, marga ngawat-awati enggonku nyambutgawe, bokmanawa aku sembrana. Takarani kanca, marga padhadene golek pangan blanja sing duwe pabrik. Dadi aku yen wis tumindak bener, wayahe mesin lumaku, iya wis lumaku, piranti-pirantine resik ora pating bacecer, tuwane setatir lan sing duwe pabrik arep apa maneh; aku kena sasenengku.” Kaca 57 “Kepriye kabare awakmu, Darba?” kaca 56 Sudut pandang Sudut pandang orang ketiga amargi katingal saking panyebuting nama darba ing novel. Bukti “… Jejaka watawis umur 18 taun anama pun Darba,” kaca 12 KELEBIHAN NOVEL Nadjan isine mung 108 lembar nanging isine wis jangkep kanggo nggambarake kahane Darba Novel Kirti Njunjung Drajat yaiku novel realis bisa dadi dokumen sejarah lan alam pikiran dalah budaya jawa mangsa samana Ngajarake unggah ungguh marang wong sing luwih tuwa Ngajarake perjuangan urip saka ngisor nganti dadi wong sukses Nggambarake wong jawa kang mengkone dibutuhake dening jaman kang arep tumeka yaiku jaman modern KEKURANGAN NOVEL Tembung-tembung kang digunakake kalebu tembung kang langka dirungokake Kanggo Mahasiswa semester awalan kelubu novel sing angel dipahami SARAN UNTUK NOVEL ATAU MANFAAT ISI NOVEL Bisa mangerti kahanan sadurunge kamardhikan Bisa tambah mangerti tembung-tembung krama Bisa mangerti cara sukses sing ora saka amung kudu dadi priyayi Ngajarake unggah-ungguh marang wong sing luwih tuwa